TIRAKATAN HADEGING DIY KAPING 269

Suharyadi 13 Maret 2024 05:13:49 WIB

GENJAHAN ( SID ) -- Kalurahan Genjahan wonten ing dinten Selasa, Surya kaping 12 wulan Maret warsa 2024 ngawontenaken Tirakatan hamengeti Hadeging Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang kaping 269. Mapan ing pendopo Balai Kalurahan Genjahan. 

Wondene tirakatan dipun pandhegani dening Lurah Kalurahan Genjahan, Bapak Agung Nugroho, SE, M.AP saha dipun rawuhi dening Pamong, staf, Babinsa & Babinkamtibmas, Bamuskal, Bumkal, Desa Prima, Karang Taruna. 

Adicara tirakatan dipun selenggarakaken lumantar zoom meeting lan kalampahan kanthi rancag lan lancar wiwit tabuh 20.00 WIB dumugi 22.15 WIB.

Kanthi hangrasuk busana gagrak Ngayogyakarta, Lurah saha tamu ingkang rawuh, hangaturaken Mangayubagyo Hadeging Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat ingkang Kaping 269. Kanthi hangunjukakken pamuji mugi Ngayogyakarta saged Hamemayu Hayuning Bawana, satemah Yogyakarta sageda tata titi tentrem kerta lan Raharja.

Jumbuh kanthi tema "Maju, Sejahtera, Berkelanjutan.

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung