SAMBUTAN DUKUH PADA ACARA MALAM TIRAKAN HARI KEMERDEKAAN

Suharyadi 15 Agustus 2022 08:51:10 WIB

- Para pinisepuh adisepuh, ingkang satuhu kinabekten

- Dhumateng Pangarsa wilayah nenggih Ketua RW, Ketua RT, lan Lembaga Padukuhan ing Padukuhan... ingkang satuhu kinurmatan

 - Sedaya Panitia dinten Kamardikan RI ingkang bagya mulya

- Para warga Padukuhan ..... lan para mudha taruni ingkang kula tresnani.

 

Langkung Rumiyin sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung awit sampun paring kanugrahan kasugengan lan kebagaskwarasan dhumateng panjenengan lan kula satemah saged kempal manunggal wonten ing adicara tirakatan mangayubagya dinten Kamardikan RI ingkang kaping 77 punika kanthi kalis nir sambikala boten wonten pambengan satunggal punapa.

Para pinisepuh, adisepuh ingkang dahat kinurmatan, saha sedaya warga Padukuhan .... ingkang bagya mulya, 

Salejengipun, kula minangka dukuh Padukuhan ..... langkung rumiyin ngaturaken sugeng rawuh lan agenging panuwun dhumateng sedaya Panitia lan ugi sedaya warga ingkang boten kula sebat setunggal baka setunggal awit sampun kersa rawuh lan paring pambiyantu ingkang awujud punapa kemawon, murih saged kalaksananing adicara tirakatan dinten kamardikan RI kaping 77 ing wekdal punika.

Para Bapak, Ibu saha para mudha taruni satuhu bagya mulya, wondene wosing gati lekasing sedya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu jurung tirakat, sesarengan ngaturaken raos suka syukur awit dipun panggihaken dinten kamardikan ingkang kaping 77 ing wekdal punika, lan sumangga nyenyuwun dumateng Gusti ingkang akarya jagad, mugi mugi kanthi kamardikan RI kaping 77 punika baraya ageng warga Padukuhan..... Minggahipun ing wewengkon Negari RI wonten ing dinten dinten ingkang badhe dhateng saged manggih rahayu widada nir sambikala, tata tentrem kerta raharja tebih saking sedaya bebaya, lan ugi para pangembating praja pinaringan kekiyatan saha kawicaksanaan ingkang langkung sae lan selaras kaliyan umbak umbuling kawontenan. satemah saged mujudaken negari ingkang adhil makmur lahir lan batin.

Para lenggah ingkang bagya mulya

Inggih awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokaken pramila kanthi ngagungaken asmaning Gusti Ingkang maha Agung, keparenga adicara tirakatan ing dalu punika kula pasrahaken dhumateng Panitia.

Dhumateng sedaya warga mugi keparenga lelenggahan kanthi mardikaning penggaling ngantos dumugi saparingpurnaning adicara tirakatan ing dalu punika. Namung kemawon, mbok bilih lampahing adicara punika kirang mranani penggalih sedaya warga, nyuwun agunging samodra pangaksami. dene kula pribadi ugi nyuwun lumunturing sih samodra pangkasami menggah solah bawa dalah panantaning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.

 

Ing wasana panutuping atur kula, wabillahit taufik wal hidayah

Wassalamualaikum ww

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung