PAMBAGYAHARJA PASRAH PANAMPI TEMANTEN KAKUNG

Suharyadi 15 Agustus 2022 07:02:46 WIB

Assalamu'alaikum ww

-    Dumateng para sepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten saha hanggung mastuti dumateng pepoyaning kautaman.

-    Para Priyagung Pangembating bawat ing Wewengkon Kalurahan Genjahan Kapanewon Ponjong langkung – langkung Bapak Lurah ingkang winengku sagunging pakurmatan. 

-    Sagung tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.

Langkung rumiyin keparenga kula nigas wacana, munggel pangandikan, boten ateges ngirangi raos kurmat dhumateng para lenggah sedaya, inggih awit awrat mundhi dawuhipun keluarga ingkang hamengku gati, nun inggih Bapak Haryadiyoko,SE Ibu Tutik Kadarsih S.Pd ingkang wonten ing wekdal menika anetepi darmaning asepuh, andhaupaken putri kinasihipun ingkang asesilih Genduk ayu Pradikta Nugraheni kaliyan Nakmas Bagus Anggit Prabowo, Amd saking tlatah Padukuhan Gedong Sawahan Ponjong Gunungkidul.

Amurwakaning atur, sumangga kula derekaken angaturaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang maha kawasa, dene sampun kepareng paring nugraha agung dumateng Panjenengan dalasan kula, satemah ing titi wanci menika saget hanjenengi saha hangestreni adicara pasrah panampining putra temanten kakung saha sarat sarana jangkeping palakrami kanti wilujeng kalis saking sedaya rubeda.

Kanti menika keparenga kula angaturaken pambagya kasugengan katur para tamu, kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh wonten ing papan pahargyan menika, saperlu paring berkah pangestu wilujeng dumateng putra temanten kekalih.

Sagung tamu ingkang tansah winengku ing karaharjan, ing titiwanci menika Bapak Haryadiyoko, SE Ibu Tutik Kadarsih S.Pd nyuwun gungan penggalih Panjenengan sedaya, sambet perkawis putrinipun, inggih Genduk Ayu Pradikta Nugraheni ingkang sampun kepareng nampi wahyaning ijab qobul kaliyan putra kakungipun Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. saking tlatah Padukuhan Gedong Sawahan Ponjong Gunungkidul kanthi asma Nakmas Bagus Anggit Prabowo, AMd. Wondene ijab qobul sampun katindaaken ing dinten menika Minggu Legi surya kaping 15 wulan Juni warsa 2022 kirang langkung tabuh 10.00 WIB. ( wekdal Indonesia perangan kilen )

Pramila saking menika awit rawuh Panjenengan sedaya Bapak Haryadiyoko,SE sekalian garwa, nyuwun tambahing donga pangestu mugi putra temanten kekalih sageda amangun bebrayan kanthi manggih rahayu wilujeng saha sageda manggih bagya mulya kang sinedya, rahayu kang tinemu, basuki kang kaesthi, atut runtut rerentengan kadya mimi hamintuna lestantun salaminipun.

Baraya ageng Bapak Haryadiyoko, SE Ibu Tutik Kadarsih S.Pd, ugi angaturaken panuwun ingkang tanpa upami, awit para rawuh sampun kepareng paring tanda tresna ingkang awujud menapa kemawon, sedaya kalawau saestu handamel mongkog saha bombonging penggalih Bapak Haryadiyoko, SE saha Ibu Tutik Kadarsih S.Pd

Makaten ugi atur panuwun katur dumateng sanak kadang mitra cinaket nenggih gedhog palang, tangga tepalih magersari lan keluarga, ingkang sampun paring iguh pratikel, sumbang surung, beya lan tenaga murih pahargyan menika saget kasembadan kanthi rancag, ingkang menika keluarga ingkang hamengkugati boten saget caos piwales menapa-menapa, kejawi amung amemuji lan sumendhe wonten ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwaos, mugi-mugi sedaya sumbangsih kalawau pikantuk ganjaran ingkang matikel tikel. 

Wusananing atur, keluarga ingkang hamengku gati, boten kesupen ugi nyuwun lumunturing samodra pangaksama tumraping sedaya kekirangan sae aruh, lungguh, suguh, punapa dene rengkuh ingkang katur wonten ngarsa panjenengan sedaya, sumangga kasekecakna anggenipun lelenggahan ngantos saparipurnaning adicara lan kanthi suka rena angresepi pasugatan unjukan, daharan, lan ugi dahar ingkang sampun kaaturaken dening keluarga.

Ing wasana, kathah atur kula ingkang kirang mranani penggalih para rawuh sedaya, kula pribadi anyadhong agunging pangapunten. Konduripun para tamu samangke, kula anamung angaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang sami pinanggih. 

Wassalamu’alaikum warahmatullaahi wa barakaatuhu

Komentar atas PAMBAGYAHARJA PASRAH PANAMPI TEMANTEN KAKUNG

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung