MAMITAKEN JENAZAH

Suharyadi 14 Agustus 2022 08:09:53 WIB

Innalilahi Waina illaihi rojiun.

Sakyektosipun sedaya ingkang gesang ing ngalam donya menika kagunganipun Gusti Allah pramilo boten mokal bilih samangkenipun badhe kondur dhateng ngarsanipun Gusti Allah. Kados prastawa ingkang kasandang penjenenganipun Alm/ah.... Ingkang katemben marak sowan dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT rikala dinten ..... watawis tabuh .... lantaran gerah sakwetawis wekdal.

Estunipun para sanak kadang tangga tepalih, mitra pitepangan boten kirang-kirang anggenipun budidaya pados usada murih Alm/ah.... saged waluya jati, jati satemah waluya, namung pambudidayaning manungsa boten saget nduwa karsaning Gusti ingkang Maha Kawasa, awit saking menika para putra wayah sageda ngiklasaken sedanipun Alm/ah.... 

Para pambelasungkawa ingkang berbudi, awit saking raos sungkawaning manah kulawarga ingkang katemben nandang duhkita labet tinilar alm/ah.... panjenenganipun mboten kuwawi matur wonten ngarsa para pambelasungkawa sami, kanthi menika kula pinangka sulih sarira saha talanging atur saking bp/ibu......... sak putra wayah, keparengoa kula hangaturaken gatraning sedya wonten ing pangruktinipun layon ing wekdal menika.

Para Pambelasungkawa ingkang satuhu kinurmatan, ingkang sepisan panjenenganipun bp/ibu.................sak putra wayah ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami awit kerawuhan panjenengan sami, saha ngaturaken sugeng rawuh, mugi kasekecakna lenggah kanthi mardu mardikaning penggalih dumugi sak paripurnaning pangruktinipun layon samangkih. Lan ugi ambok bilih anggenipun nanggapi kerawuhan panjenengan sedaya, wonten kirang ing samudayanipun sae arupi gupuh,suguh menapa dene tambuh, saking bp/ibu.............. tansah nyuwun pangapunten ingkang agung.

Ingkang angka kalih, mboten katalumpen ugi panjenenganipun bp/ibu..... mawantu - wantu nyuwun tambahing dunga pamuji mugi-mugi alm/almh.......... katampia wonten ngarsanipun Gusi Allah, dipun paringana papan panggenan ingkang langkung sae tinimbang wonten alam ndunya, dipun tampi sedaya amal kesaenanipun, dipun apunten sedaya dosa kalepatanipun, dipun fajaraken kuburipun, tinebihno siksa kuburipun, kalebetaken seda ingkang khusnul khotimah. Saha para putra wayah ingkang tinilar tansaha manggih bagya mulyo, rahayu wilujeng, tansah dipun paringi ketabahan, kesabaran, kesehatan saha kekiatan iman satemah saged nglajengaken cita-citanipun alm/almh.......... duk rikala taksih sugengipun.

Ingkang angka tiga, hambok bilih rikala sugengipun alm/ah.... hanggadahi kalepatan dumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan ugi kersa paring pangapunten, lan ugi hambok bilih duk rikala sugengipun alm/ah........... gadahi petangan awujud menapa kemawon dumateng panjenengan sedaya, samangke sak bibaripun pangruktinipun layon kula aturi sesambetan kaliyan para ahli warisipun supados dipun rampungaken satemah estu sowananipun alm/ah...... saged resik saking petangan kadunyan.

Ingkang angka sekawan, panjenenganipun bp/ibu...... ngaturaken gunging panuwun dumateng para sanak kadang, tangga tepalih, para mitra pitepangan ingkang sampun kepareng paring jurung pambyantu awujud menapa kemawon, sae bau, suku, eguh pratikel lan sapanunggalanipun. Mugi sedaya kaserat dados amal sholeh panjenengan, Gusti Allah paring lintu ngkang sak traju kaliyan amal kesaenan panjenengan sedaya.

Ingkang angka gangsal, nyaosi pirsa bilih jenazahipun alm/ah ......... bade kasareaken wonten makam........... pramila hambok bilih para pambela sungkawa samangkih wonten sepen ing pambengan saha dangan ing penggalih, kasuwun nderekaken saha nglarapaken jenazahipun dumugi pemakaman, namung kemawon hambok bilih taksih kathah ayahan ingkang mboten saged tinilar, konduripun nderekaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang sami pinanggih.

Ingkang pungkasan, angen kula matur minangka sulih sarira kulawarga ingkang nandhang duhkita kathah kekirangan, kekhilafan, saha wonten kecer, cewet ing atur kula, mboten langkung kula nyuwun agunging samudro pangaksami. Minangka pinutuping atur, wabillahit taufik wal hidayah wassalamu alaikum warohmatullohi wabarokhatuh.

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung