WEDARING PANGANDIKAN PASRAH TEMANTEN KAKUNG

Suharyadi 13 Agustus 2022 06:41:51 WIB

Assalamu’alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuhu

Dhumateng para pinisepuh, sesepuh saha adisepuh ingkang winengku sagunging pakurmatan.

Para priyagung pangembating bawat ing wewengkon Padukuhan Pati Kalurahan Genjahan Kapanewon Ponjong ingkang tansah tinulad tinuladha.

Ingkang pantes tampi pakurmatan baraya calon kadang besan sutresna Bapak Haryadiyoko,SE /Ibu Tutik Kadarsih S.Pd

Para tamu kakung putri ingkang berbudi darma.

Langkung rumiyin kula hangaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kadang pangendaliningwara awit sampun kepareng paring wekdal dhateng kula minangka duta saraya Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. saking tlatah Padukuhan Gedong Sawahan Ponjong Gunungkidul saperlu hangaturaken menggah wosing gati lekasing sedya sowan wonten ngarsanipun kadang besan sutresna nun injih Bapak Haryadiyoko,SE Ibu Tutik Kadarsih S.Pd.

Hamurwakani atur, keparenga langkung rumiyin kula hamemuji suka syukur konjuk Ngarsa Dalem Gusti ingkang Maha Welas Asih awit lumunturing barokah kawilujengan, karahayon tuwin kasarasan satemah ing titiwanci menika saget anglarapaken putra penganten kakung sapangombyong tansah manggih wilujeng, kalis ing rubeda.

Ing salajengipun menggah wosing gati sowan kula sapangombyong, kaudhar lumantar atur ingkang kedah kula aturaken dhumateng Bapak Haryadiyoko,SE /Ibu Tutik Kadarsih, S.Pd.

Sepisan angaturaken salam taklimipun Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. mugi konjuk wonten ngarsanipun Bapak Bapak Haryadiyoko,SE sekalian Ibu Tutik Kadarsih S.Pd 

Atur ingkang angka kalih, sowan kula nyunggi jejibahan anglarapaken saha amasrahaken putra penganten kakung anakmas bagus Anggit Prabowo A.Md inggih putra kakungipun Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. awit wonten ing dinten saha wulan kawuri sampun wonten pirembagan jejodohanipun putra penganten kekalih. Wondene ing titiwanci menika dinten, wulan, lan warsa pinanci kagem ijabqobuling putra penganten kekalih, inggih awit anak kula anakmas bagus Anggit Prabowo A.Md sampun kaijabqobulaken, saha sampun sah jejodoanipun miturut satataning agami lan pranataning negari, pramila keparenga kula hangaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kadang besan sutresna awit panyuwun kula sampun katindaaken, kejawi menika babagan tanggel jawab panggulawentahipun putra kekalih kula aturaken dumateng baraya ageng kadang besan sutresna, murih kekalihipun boten nalisir saking paugeraning agami.

Kejawi saking menika minangka jangkeping tiyang sesanggeman, ugi kagem tangsuling katresnan, pangiket kekadangan, paningset pasederekan anggenipun sami bebesanan kula kinanthen ubarampe jangkeping palakrami ingkang awujud sanggan, ageman, saha majemukan, lan ugi sarat sarana adat padesan ingkang awujud, jurung srakah, pakemit/pakepel/palagara, pamesing, saha tanda tresnanipun keluarga dhumateng temanten putri awujud tali asih. Sedaya kula aturaken dhumateng kadang besan, Mugi ing samangkih kersa hanampi kanti suka rena ing penggalih.

Jangkep salajengipun. kula sapangombyong Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. tansah jurung pamuji mring Gusti Kang Maha Tresna Asih mugi – mugi Gusti Allah angijabahi sedyaning putra penganten kekalih, satemah saget hambangun kulawarga ingkang Sakinah Mawadah Warohmah.

Sagung tamu ingkang bagya mulya, makaten lan semanten atur kula minangka sulih sarira Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. minangka titah limrah kula anglenggana katah atur ingkang kirang mranani ing penggalih, pramila kiranging subasita lan trapsila anggen kula matur, kula hanamung mawantu wantu nyuwun lumunturing samodra pangaksama.

Nun ugi murih rancaging panindak, hambok bilih adicara upacara pasrah panampining putra temanten kakung sampun paripurna, keparenga kula sapangombyong nyuwun pamit lan nyuwun tambahing donga pangestu mugi anggen kula lan baraya ageng Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. wangsul dhateng rompokipunn piyambak piyambak tansah rahayu ingkang sami pinanggih, wondene baraya ageng Bapak Haryadiyoko,SE /Ibu Tutik Kadarsih S.Pd makatena ugi.

Ing wusana wekdal katur dhumateng kadang pangendaliwara kanthi atur matur nuwun.

Wassalamu ‘alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuhu.

Komentar atas WEDARING PANGANDIKAN PASRAH TEMANTEN KAKUNG

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung