PRANATACARA PASRAH PANAMPI TEMANTEN KAKUNG

Suharyadi 13 Agustus 2022 06:34:01 WIB

Assalamu’alaikum warahmatullaahi Wabarakaatuhu

Para pinisepuh, sesepuh saha adisepuh ingkang Hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang kula bektosi.

Para alim ulama pangarsa agami suci, minangka panuntun keblating panembah ingkang pantes tinulad tinuladha

Para Pangembating bawat ingkang kinarya pengayom saha pandam pandoming kawula dasih ingkang dahat sinudarsana.

Ingkang pantes tampi pakurmatan baraya calon kadang besan sutresna Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. sakalawangsa ingkang dipun pandegani dening Panjenenganipun ingkang winantu ing pakurmatan Bapak Lathif Utsman S.Pd.I

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka basuki.

Nuwun, keparenga kula ambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kondho minangka jejering Pambiwara adicara. Nun inggih mundhi dawuh ingkang amengku gati Bapak Haryadiyoko SE Ibu Tutik Kadarsih S.Pd, keparenga kula andereaken laksitaning adicara pasrah panampining Putra temanten Kakung saha sarat sarana jangkeping palakrama ing rikalenggahan menika, dinten Minggu Legi surya kaping 15 wulan Juni warsa 2022.

Puja puji syukur mugi tansah konjuk wonten Ngarsa Dalem Gusti ingkang Maha Linangkung awit sampun kepareng ambabar kanugrahan dhumateng Panjenengan sedaya dalasan kula ingkang awujud kasugengan, kasarasan miwah kabagaskwarasan, satemah ing rikalenggahan menika saget angestreni saha anjenengi adicara pasrah panampi putra temanten kakung lan sarat sarana jangkeping palakrami kanthi wilujeng kalis sing sedaya rubeda 

Sholawat lan salam mugia katetepaken dhumateng junjunganing umat, Mustikaning Jagat inggih Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang bade paring syafaat benjang ing akhiring jagat, mugi sedaya ingkang rawuh ing papan pahargyan menika pinaringan syafaat.  

Para rawuh ingkang winantu ing pakurmatan, gegandengan kadang besan sutresna sampun pinarak lenggah ing papan palenggahan, putra temanten kekaalih ugi sampun satata ing papan pahargyan, bawanipun sampun samekta samudayanipun, pramila adicara Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung saha sarat sarana jangkeping palakrama wonten ing kalenggahan menika tumuli kula aturaken menggah rantaman racikaning adicara, ingkang bade katindaaken :

Adicara sepisan : Pambuka

Adicara angka Kalih : atur Pambagyaharja

Adicara angka tiga : Wedaring Pangandika Gati

Adicara angka sekawan : Panampi

Adicara angka gangsal : Panutup

Sanggya tamu ingkang winantu ing pakurmatan, makaten menggah urut reroncening adicara wiwit purwa madya lan wusananipun, pramila mugi kasekecakna pinarak ing papan palenggahan sinambi kula dereaken hangayati adicara ngantos saparipurnanipun. 

  • Wondene salajengipun wontena keparengipun, sumangga sesarengan ngayati adicara sepisan kanthi hanyadong sih pangayomaning Gusti Allah mugi Lekasing sedya wiwit purwa madya lan wusananipun lumampah kanthi wilujeng kalis ing sedaya rubeda nir sambekala sumangga sami dedonga anut kapitadosan ingkang rinasuk,,,,,,,,,,,, Dedonga KAWIWITAN. (Cekap maturnuwun).
  • Salajengipun ingkang amengkugati Bapak Haryadiyoko,SE Ibu Tutik Kadarsih S.Pd keparenga hangaturaken wigatosing gati adicara wonten ing rikalenggahan menika, wondene lekasing sedya bade dipun sarirani Panjenganipun ingkang winantu ing pakurmatan Bapak NURYA ARIFIN, SH. Wekdal sasanawara katur,,, SUMANGGA !!!. 
  • ==== P A M B A G Y A H A R J O ====
  •  Sagung tamu ingkang winantu ing suka basuki, paripurna pambagyaharja adicara kalajengaken wedaring gati saking baraya ageng kadang besan kinasih, baraya ageng Bapak Agung Wibawa SH sekalian garwa Ibu Lia Agustin A.Md Keb. Saking tlatah Padukuhan Gedong Sawahan Ponjong Gunungkidul, wontena keparengipun dhumateng duta saraya ingkang satuhu kinurmatan Bapak Lathif Utsman S.Pd.I ,,,, wekdal saha sasana katur …. SUMANGGA !!! .
  • ====P A S R A H  T E M A N T E N====

 Tatas titis tetes wijang wijiling pangandikan saking duta saraya baraya ageng kadang besan kinasih lumantar ingkang winengku ing pakurmatan Bapak Lathif Utsman S.Pd.I. Salajengipun panampining gati dening kulawarga Bapak Haryadiyoko,SE /Ibu Tutik Kadarsih S.Pd, wontena keparengipun nyuwun gungan dhumateng Bapak Tri Margono minangka sesepuhing kulawarga tumunten jengkar saking sasana palenggahan tumuju sasanawara ,,, SUMANGGA !!!

====P A N A M P I P A S R A H ====

 Makaten panampining gati dening kulawarga Bapak Haryadiyoko,SE /Ibu Tutik Kadarsih S.Pd lumantar ingkang winantu ing pakurmatan Bapak Tri Margono. Kinarya sampurna laksitaning adicara pasrah panampining putra calon temanten kakung nakmas Bagus Anggit Prabowo Amd saha sarat sarana jangkeping palakrami wontena keparengipun dhumateng duta saraya ingkang kinurmatan Bapak Lathif Utsman S.Pd.I Jumeneng hangaturaken salah setunggaling upakarti ingkang bade katampi dening Bapak Tri Margono … SUMANGGA !!!.

Matur nuwun dhumateng Bapak Lathif Utsman S.Pd.I saha Bapak Tri Margono ingkang kepareng hanindaaken Lung tinampining sarat sarana jangkeping palakrami, salajengipun mugi wonten keparengipun tumunten kondur wonten papan palenggahan.

Sanggya tamu ingkang winantu ing pakurmatan, upacara pasrah panampining putra temanten kakung sampun kasembadan, inggih awit sih wilosa lan nugroho Gusti Kang Maha Kawasa saha binerkahan donga pangestu Panjenengan sedaya upacara saged lumampah kanthi rancag lan gangsar, pramila kanthi menika kaaturaken agenging panuwun. 

Ing wasana sumangga adicara pasrah panampining Putra temanten Kakung saha sarat sarana jangkeping palakrama ing rikalenggahan menika tumumten kapungkasi, wontena keparengipun sesarengan hangaturaken raos suka lan syukur kanthi dedonga anut kapitadosan ingkang rinasuk,,,,,,,,,,,, Dedonga minangka panutup KAWIWITAN.. (Cekap maturnuwun).

Ing Wasana, kula pribadi ingkang handerekaken laksitaning adicara kathah atur ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula hanamung mawantu – wantu nyuwun lumunturing samodra pangaksama. 

Waduk Gajah Mungkur Wonogiri, kathah keladuking atur kula nyuwun lumunturing samodera pangaksami. Bilahit taufik wal Hidayah

Wassalamu’alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuhu

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung