TULODHO PAMBAGYAHARJO ARISAN PAMONG

Suharyadi 30 Maret 2022 08:07:23 WIB

Assalamu’alikum wr.wb.

Ingkang winengku sagunging Pakurmatan Lurah Genjahan, Bpk Agung Nugroho, SE M. AP sekalian Ibu.

Ingkang kinurmatan, Carik, Kasi, Kaur lan keluarga

Dukuh, lan staf lan keluarga ingkang bagya mulya

Ingkang sepisan sumangga kula dereaken ngaturaken puja puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT awit sih nugraha lan berkahipun keluarga ageng Pamong Kalurahan Genjahan saget sillaturrahmi kempal manunggal wonten ing gubug kula punika kanti wilujeng kalis saking sedaya rubeda

Kaping kalih, salawat ugi salam katur dhumateng nabi besar Muhammad Shallallahu ‘alaihi wa sallam ingkang bade paring syafaat benjang ing akhiring zaman, mugi-mugi keluarga ageng Pamong Kalurahan Genjahan samangke pinaringan syafa’atipun wonten ing dinten piwalesan.Aamiin.

Wonten ing wekdal punika, kula lan keluarga, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapak lan Ibu. Lan ugi ngaturaken maturnuwun sanget awit Bapak lan ibu sampun keroyo-royo tindak dhateng gubug kula sakeluarga.

Lan inggih awit winatesing kawontenan anggen kula nampi karawuhan panjenengan sedaya boten saged mahargya, nyawisaken papan panggenan, gelaran, uba rampe lan pasugatan awujud unjukan, daharan lan ugi dahar kathah ingkang mboten mranani penggalih bapak lan ibu sedaya, kula nyuwun sih gunging pangarsami.

Bapak ibu ingkang kinurmatan, salajengipun kula ngaturaken sugeng ngayati adicara punika ngantos wusananipun, hambok bilih samangkih sampun paripurna bapak ibu bade mundhut pamit kula namung handerekaken sugeng kondur lan maturnuwun, namung kemawon saderengipun kondur keparenga kembul bujana sesarengan wonten papan panggenan ingkang sampun kula cawisaken.

Hambok bilih makaten atur kula kathah klenta klentu lan cewet anggen kula matur, nyuwun pangapunten.

Wa billahi tahufiq wal hidayah, wa ridha wal inaayah, wassalaamu’alaikum wr.wb.

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung